Koruptor Kampung
Sarwa Jawa Maret 20th, 2009BECIK KETITIK ALA KETARA
Dadi wong jujur ing jaman kang
ora nggenah iki pancene ora gampang. Akehe wong wis padha nekat ngalalke
sakabehane cara kanggo nggayuh tujuane dhewe-dhewe. Malah ana
sakperangane wong sing kandha “jujur marake ajur”. Sapa jujur bakale ora
keduman apa-apa. Mula aja nggumun yen laku korupsi, nyolong dhuwite
rakyat sak negara dadi laku kang ngambra-ambra ing negara iki.
Durung suwe iki Mbok Wedhok
ngenehi palaporan yen jebul dhuwit bayaran listrik kang biasane
dititipake tangga cedhak omah wis antarane telung wulan ora dibayarake
marang petugas PLN. Critane ing esuk-esuk, Teh Neneng teka medhayoh lan
ngabari yen sedina sakdurunge ana petugas PLN kang teka nagih bayaran
listrik sing wis nunggak telung sasi. Lha terus terang wae, Mbok Wedhok
lak langsung kaget girap-girap. Biasane dheweke rumangsa ora telat
nitipake dhuwit listrik ning Mbak Tum tangga cedhak ngomah. Iki kok
ujug-ujug ora ana kenthang kimpule genah-genah ditagih mbayar meneh.
Akhire kanggo nlisik dhuwit
mau, Mbok Wedhok lan Teh Neneng sepakat ethok-ethoke ora genah dhodhok
perkarane. Ning semono, mengko Teh Neneng sing arep nakokake langsung
marang Mbak Tum.
Nalikane bener-bener
ditakokake, Mbak Tum kandha yen pancene wis telung sasi dhuwit titipan
listrik mau ora dibayarake ning petugase. Dhuwit mau kepekso dienggo
kanggo nutup utange. Mbak Tum banjur takon,”Lha si Teteh(Mbok Wedhok)
apa ngerti bab kuwi?” Diwangsuli Teh Neneng, “ Deke durung ngerti kok!”
Pesene Mbak Tum sakbanjure supaya crita kuwi aja nganti dingerteni Mbok
Wedhok. Deweke ora ngerti yen jane Teh Neneng kuwi duta kanggo ngorek
keterangan wae.
Mbayar dhuwit listrik ing
lingkungan kampung kayadene ing panggonanku pancen umume dikoordinir
bebarengan sak RW kareben ora nganggu penggawean warga ing saben dinane.
Seko kono mengko saben warga dijaluki urunan minangka beaya
administrasi kanggo kas warga. Rumangsa kepingin sesrawungan apik karo
tangga teaparo ya mesti wae aku ora kabotan. Lha wis antarane meh rong
taun iki, biasane Mbok Wedhok nitip marang Mbak Tum.
Jane kawit sepisanan nitip
dhuwit listrik mbiyen Mbok Wedhok wis kandha yen Mbak Tum kuwi
tindak-tanduke sarwa nyalawadi. Saben-saben mbayar listrik yen dijaluki
struke mesti ngakune ora diwenehi karo petugase. Lan kawit kuwi yen
wektune teko setor menowo Mbok Wedhok takon enteke piro mesthi le njawab
entek pitung puluh ewu.
Sakjane karo wangsulan kuwi
Mbok Wedhok mesti wae kurang percaya, ning nglabuhi ndak ribut karo
tanggane dhewe ya trima ngalah. Pakertine Mbak Tum lekas kewiyak
nalikane dheweke nemoni masalah ditagih utang ing sakwijine wong.
Critane, Mbak Tum kang dhuwe
anak telu, sing pembarep wis sekolah SMP, nomere loro kelas lima SD, lan
ragile isih umur rong taun mesti wae butuh ragad ora sithik ing saben
dinane. Apa maneh bojone mung buruh pabrik kang bayarane uga pas-pasan.
Lha ndilalah Mbak Tum kebujuk
utang kanthi jaminan masrahake kartu ATM nggone bojone. Jarene nganggo
cara praktis mengkono ora perlu jaminan werno-werno lan dhuwit silihane
bisa langsung cair. Ning cilakane, urusan mau ora dirembug karo bojone.
Malah nganti sing nagih utang, bojone lagi ngerti lan mesti wae kaget.
Sak rapet-rapete wong nyimpen bathang, mesti wae bakal konangan ambune
sing banger.
Minangka wong lanang mesti wae
bojone banjur nesu. Mula perang bratayudha mesti wae ora bisa diendhani.
Swasana omah-omah sing biasane adhem ayem sakbanjure dadi rame padudhan
ing meh saben dinane.
Akhire sakwijine dina Mbak Tum
nekad minggat. Ora jelas ning ngendi parane. Pirang-pirang dina bojone
nggoleki nanging ora ketemu. Digoleki ning omahe sedulur-sedulure ya ora
ono. Sing ciloko bojone wis kentekan dhuwit merga pancen wis tanggal
tengahan. Wis ngono ATM-e digawa karo wong sing ngutangi.
Ngilang pirang-pirang dina
akhire Mbak Tum njedhul. Jebul sakwene lunga, dheweke diumpetake karo
ibu-ibu tangga RT sing padha sekongkol. Liwat ibu kuwi mau mbiyene Mbak
Tum dilantari utang dhuwit.
Rumangsa kewiyak belange, Mbak
Tum sakbanjure arang nangga. Saben dina mung ono ngomah wae momong anake
ragil. Kayane dheweke rumangsa isin. Apa meneh karo Mbok Wedhok. Lha
mosok dhuwit listrik telung sasi diembat!
Akhire kanggo mbayar rekening
listrik Mbok Wedhok njajal nganggo cara liwat bank. Lha tambah kaget
meneh. Mosok jebul listrik ing sasi iki mung entek telung puluh enem ewu
ditambah beaya administrasine rong ewu. Welha jebul kebobolan to nganti
rong taun iki. Biasane kandhane Mbak Tum listrik mesti entek paling
sithik pitung puluh ewu. Wah elok tenan ki…….
Durung sempat arep nemoni Mbak
Tum kanggo njaluk keterangan tanggung jawabe, malah keprungu kabar yeng
dheweke mudik ning ndesane ninggal anak bojone. Mesakake anak-anake sing
melu dadi korban. Mbok menawa kuwi sing diarani ngundhuh wohing
pakarti. Sing sapa nandur kabecikan bakal uga ngundhuh kabecikan. Ning
kosok baline, sing nandur tumindak culika bakale nemu cilaka.
Ya wis diikhlaske wae. Nyebar
godhong koro. Luwih becik perkara kaya mengkene cukup disirep tekan
sakmene wae. Snajan dituntut tanggung jawabe, mbok menawa uga ora bakal
ono gantine. Sing penting ono hikmahe yen ing jaman saiki kudu
pinter-pinter mercayani wong liya.
Ora gampang nemu wong jujur
ing jaman edan iki. Jebul ora wong gedhe thok sing korupsi, ning wong
cilik yo iso korupsi. Sing gedhe le korupsi ya gedhe, sing cilik
korupsine ya cilik-cilikan. Ya mugo-mugo wae keluputane Mbak Tum diapura
dening Pangeran, lan mugo-mugo dheweke enggal kapok lan tobat anggone
ngrugeni tangga. Becik ketitik ala ketara![]
Komentar
Posting Komentar